Anoman Obong
Dewi Shinta wis kelakon
didhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Dewi
Shinta dipapanake ing taman Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan
lan ora donyan ngombe. Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga
wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke.
Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa
cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa,
dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.
Ing taman amung Dewi
Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi
Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane
Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya
buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton
liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira,
Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora kacarita nelangsane
Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni
bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina
Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dinuta Sri
Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi
Shinta.
Tekan keraton Alengka,
Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan
Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise
mangerteni kaanane Dewi Shinta lan entu sisik melik bab kaanane kraton lan
prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali,
Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake
Prabu Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong
ing laun-alun Alengka.
Nanging Anoman kuwi
kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika diobong Anoman mberot
banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan
wit-witan sing diencoke Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune
apik lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat-mbulat amarga pokale Anoman.
Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman.
Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
Swasana lan kaanane
kraton Alengkadiraja nalika diobong dening Anoman kaya sing diceritakake ing
lagu campursari Anoman obong.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar